Album Syair Dunia Maya

Dewi Ruci

28,160 Views

Nate sun nekad tambuh tumrap awak dewe
Tumapak sesongaran sasruning sumber awak dewe
Sun tambuh endah tambane
Tembene pundat sumbarku
Sun tambuh kapan kapanduk tumungkul awak dewe

Sena:
Aglaring taman peteng ndedet
Tanpa rupa tarlen mung wangi hmmmm
Rum wangi tamankang peteng ing ati
Tamaning teleng ati kang nedeng kayungyun
Keng sliro

Ing puncak wangi taman jroning nolo
mak kroso kori nggege den minep
Dreng mbrengengengku satemah
Tan kumawa ngancas kasantosanku
Nggo mengak regolmu
Sapenjagong lan ngucup cahyomu..

Dewi Ruci:
Was saguh mbok tamatke taman nir rupo
Wus saguh mbok wangekke wanguning cuwo
Tan sak pandurat netro cat katon
Tan tetanduran tanpo wewengkon
Tarlen mung ing kalbu kok tandur taman lan arume

Dialog
– kurang opo maneh?
+ tan lyan manege
– nanging regol maksih durung byak
+ byak wus sumiyak
– (Ujarmu) nanging wiyakno ugo keblat paringalku
Durung mapan
Wancinipun